Rabu, 11 Januari 2012

sak jroning dodo pengen cerito

sak jeroning dodo aku pengen kondo,, sak jeroning roso aku pengen cerito..
neng yen tak pikir dowo, ceritaku yo bakal dowo koyo ulo..
yen tak roso-roso roso ing jero dodo iki yo roso tresno,,
ono paribasan jowo "witing tresno jalaran soko kulino"
haning wong aku iki lagi wae semerep mung sak klerapan moto, mosok yo iyo wis tukul tresno ing jero dodo.. wah jian, dari ra podo karo paribasan jowo.
sakjane ono opo to, dek wingi kae sopo to??
jian kog gawe gerah utekku, nganti ura biso turu..
hahahahha... mbuh lah,,
rumongso ra rumongso yo tetep ae ra mudheng..
soyo diroso yo malah dadi genddeng..
ning ya kepriben maning yak.. kiye rasane wis kaya neng puncak.. ura bisa tenang bisane malah jd galak..
nek ura malah anteng meneng koyo kethek keplintheng.. nyrengungus, njabrut elik..


yoo kono karepmu lah..
wis lah mulai cerita bae yak.


dek wingi tanggal piro sasi opo tahun piro kae mbuh aku lali, pokoke aku semerep bucah wadon, bucahe ayu manis lan koyo ngono kae lah pokoke..
pas kae, mbuh ura ngerti sebabe, ra kroso jan ura isoh ngrasakke, aku isoe mung ndelengake bucahe nganti ura kroso yen tanganku ki keno mowo. padahal udud sek tak cepit neng drijiku i isih dowo, lg ntes ae nyumet,,ngerti kog mak slenget!! mowo wis nemplek neng tanganku, tak kipatke  nganti nyampluk tembok nyampluk tembok tanganku,,lah mergo kwi aku digeguyu, sakjane ki aku meh nyritakke cewe po nyritakke udud.. halah wis, etho2ke kronologine ngeneiki..
nah ngepasi karo tanganku sek nyampluk tembok, bocah wadon kae mau melu geguyu aku.. jian..masya Allah tenan,, bucah wadon kae mau katon tambah ayu.. leh ngguyu kwi ura mringis, ura mrenges yo ra mrongos,, haning sopo ngiro yen untune ngarep ki wis ompong telu,, dan seketika itu aku ngakak ngasi njempalek seko panggonan lunggohku..
kwahahahahaha.. neng jo kleru, masi untune wis ompong telu, tetep ae katon ayu,,wis, ceritane ngono kwi, sak mono kwi.. yo to..?
nah sak lebar kwi, saben dinane ki rasne aku kog kepengen ndeleng bucah ompong kae meneh,,
haneng sayange kog yo ra ketok meneh,,, tak pikir2 dwe, opo bucahe ki wedi karo aku, po nesu karo aku mergo tak geguyu omponge ngasi njomplang kursine.. jian marai ra mudheng dwe..
sak teruse bendino aku mikirke de'e, nganti ra iso turu, nganti pikirane mblayang pengen adol terlwelu go tuku untu telu go ngganti untune de'e sek mlayu..
bendino ngarep2 pengen ketemu, haning kog yo tetep ae ura ketemu,, rasane awak koyo wis nganti kuru..


lah basan wis raiso turu ngasi punjul sewindu,, aku ketemu meneh marang bucahe,, ra ngerti kenopo, teko ndrodog awakku,rontok jantungku, jedag jedug koyo ditinju.. anane mung dredeg nggejejer ura ubah ura pindah.. teko tak tenang2ke, tak sadar2ke,, san wis tenang aku banjur mlayu, rekane meh bali jebul malah bablas tekan kali..
mbuh ra ngerti ngopo malah tekan kali..
ech ura ding, asline ura ngono kog..
sek bener ki yo wis tekan seminggu, aku ketemu meneh,, lah pas kwi, mbuh kpye ceritane aku lali..
sek tak eling2 disik yoo.. maklum wis tuo, wis pikun..matursuwun..

Artikel Terkait

Tidak ada komentar: